-
Pangandharing Torèt 6:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Sukmbèn Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé menyang tanah sing dijanjèkké marang Abraham, Ishak, lan Yakub, sing bakal diwènèhké marang kowé,+ yaiku kutha-kutha sing gedhé lan apik sing ora mbok bangun,+ 11 omah-omah sing kebak karo barang-barang sing apik sing dudu hasil kerja kerasmu, sumur sing ora mbok gali, lan kebon anggur lan wit zaitun sing ora mbok tandur. Kowé ya bakal mangan nganti puas.+
-
-
Yosua 5:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Terus, sedina sakwisé Paskah, wong-wong kuwi mulai mangan hasil saka tanah kuwi. Dina kuwi, wong-wong kuwi ya mangan roti tanpa ragi+ lan biji-bijian panggang. 12 Pas bangsa Israèl mangan hasil saka tanah kuwi, sésuké manna wis ora ana manèh.+ Mulai taun kuwi, bangsa kuwi mangan hasil saka tanah Kanaan.+
-