-
Pangandharing Torèt 7:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawa kowé menyang tanah sing bakal mbok tekani lan mbok rebut,+ Dhèwèké ya bakal nyingkirké bangsa pitu sing gedhé,+ yaiku wong Hèt, wong Girgasyi, wong Amori,+ wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ Bangsa-bangsa kuwi luwih akèh lan luwih kuwat timbang kowé.+ 2 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nyerahké bangsa-bangsa kuwi marang kowé bèn isa mbok kalahké.+ Kowé kudu bener-bener nyingkirké bangsa-bangsa kuwi.+ Aja nggawé perjanjian lan aja mesakké karo bangsa-bangsa kuwi.+
-