-
Kisah 1:16-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 ”Sedulur-sedulur, ramalan ing Kitab Suci pancèn kudu kelakon. Liwat Daud, roh suci wis mènèhi ramalan soal Yudas,+ sing ngéwangi wong-wong kanggo nangkep Yésus.+ 17 Mbiyèn, Yudas kuwi ya rasul+ lan wis dipilih kanggo nglayani bareng karo rasul-rasul liyané. 18 (Wong iki tuku tanah nganggo dhuwit saka hasil kejahatané.+ Pas dhèwèké tiba, sing tiba sirahé sik, terus wetengé suwèk lan isi wetengé metu kabèh.+ 19 Kabèh penduduk Yérusalèm ngerti soal iki. Mula, wong-wong ing kono nyebut tanah kuwi Akèldama, sing artiné ”Tanah Getih”.) 20 Ing buku Mazmur wis ditulis, ’Bèn waé panggonané ora ana sing ngurusi lan ora ana sing ngenggoni,’+ lan, ’Bèn waé tugasé dadi pengawas diwènèhké wong liya.’+
-