PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 43:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  3 Wènèhana aku cahaya-Mu lan wulangan-Mu sing bener.+

      Muga-muga kuwi nuntun aku.+

      Muga-muga kuwi ngarahké aku ing gunung-Mu sing suci lan ing panggonan-Mu.*+

  • Wulang Bebasan 6:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Préntah kuwi kaya lampu,+

      Lan hukum kuwi kaya cahaya.+

      Naséhat lan dhidhikan kuwi nuntun kowé bèn isa terus urip.+

  • Yésaya 51:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Hé umat-Ku, gatèkna Aku.

      Hé bangsa-Ku,+ rungokna Aku.

      Aku bakal mènèhi kowé hukum.+

      Keadilan-Ku bakal dadi cahaya kanggo bangsa-bangsa.+

  • Roma 15:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Kabèh ayat sing ditulis mbiyèn ditulis kanggo mulang awaké dhéwé.+ Awaké dhéwé nduwé harapan merga ayat-ayat kuwi mbantu awaké dhéwé bèn sabar+ lan mènèhi awaké dhéwé penghiburan.+

  • 2 Timotius 3:16, 17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah.+ Kuwi gunané kanggo mulang,+ ngandhani nèk awaké dhéwé salah, nggawé sing salah dadi bener manèh, lan nglatih awaké dhéwé kanggo nindakké apa sing bener.+ 17 Dadi, abdiné Gusti Allah isa bener-bener sanggup lan siap nindakké apa waé sing apik.

  • 2 Pétrus 1:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Kuwi sebabé aku dadi saya yakin nèk omongané Gusti Allah* mesthi bakal kelakon. Kowé kudu nggatèkké kuwi kabèh. Omongané Gusti Allah kudu ana ing njero atimu lan dadi kaya lampu+ sing bersinar ing petengan. Kuwi kudu terus mbok upayakké nganti dinané mulai padhang lan bintang ésuk+ kétok.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim