PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 38:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Kesalahanku akèh banget nganti aku kewalahan,+

      Kaya beban sing abot sing ora sanggup tak tanggung.

  • Mazmur 103:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Dhèwèké ngerti awaké dhéwé diciptakké saka apa.+

      Dhèwèké éling nèk awaké dhéwé iki mung debu.+

  • Mazmur 143:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 143 Oh Yéhuwah, rungokna dongaku.+

      Rungokna wektu aku njaluk tulung.

      Tulung jawab aku merga Njenengan adil lan setya.

       2 Aku iki abdi-Mu. Aja ngadili aku

      Merga ora ana wong sing ora nduwé salah ing ngarep-Mu.+

  • Yésaya 55:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Muga-muga wong sing jahat ora nindakké kejahatan manèh+

      Lan ora nggawé rencana jahat manèh.

      Muga-muga wong kuwi mertobat lan bali marang Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing bakal mesakké karo wong kuwi,+

      Merga Gusti Allah bakal bener-bener ngapura wong kuwi.+

  • Danièl 9:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Oh Gusti Allahku, rungokna lan gatèkna.* Tulung deloken kutha sing telantar iki, yaiku kutha sing disebut nganggo jeneng-Mu. Aku lan bangsaku njaluk kaya ngéné iki dudu merga tumindakku bener, ning merga Njenengan kuwi Gusti Allah sing nduwé rasa mesakké.+

  • Roma 3:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Kuwi sebabé ora ana sing bakal dianggep bener karo Gusti Allah merga nindakké hukum.+ Hukum kuwi malah nggawé awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé kuwi wong dosa.+

  • Titus 3:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 dudu merga awaké dhéwé nindakké apa sing apik,+ ning merga Dhèwèké pancèn apikan.+ Dhèwèké nylametké awaké dhéwé wektu ngresiki awaké dhéwé nganggo banyu sing nggawé awaké dhéwé urip.+ Dhèwèké nggawé awaké dhéwé dadi anyar liwat roh suci.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim