-
1 Para Raja 8:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Saiki, oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, tulung tepati janji-Mu marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku, wektu Njenengan kandha, ’Keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl nèk anak-anakmu kelakuané apik lan manut karo Aku, kaya sing wis mbok lakoni.’+
-
-
Mazmur 89:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Njenengan kandha, ”Aku wis nggawé perjanjian karo Daud, abdi sing wis Tak pilih.+
-
-
Yérémia 33:20, 21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku wis nggawé perjanjian karo awan lan bengi, mula awan lan bengi mesthi teka pas wektuné. Nèk nganti kowé isa mbatalké perjanjian kuwi,+ 21 berarti perjanjian-Ku karo abdi-Ku Daud ya isa dibatalké.+ Nèk nganti kuwi kelakon, Daud ora bakal nduwé anak sing mréntah dadi raja ing takhtané,+ lan perjanjian-Ku karo abdi-abdi-Ku,+ yaiku para imam Lèwi, ya bakal dibatalké.
-
-
Kisah 2:30, 31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Daud kuwi nabi lan dhèwèké ngerti nèk Gusti Allah wis nggawé sumpah marang dhèwèké nèk salah siji keturunané bakal lungguh ing takhtané.+ 31 Daud wis ngerti sakdurungé nèk Kristus bakal diuripké manèh. Dhèwèké kandha nèk Kristus ora bakal ditinggalké ing Kuburan* lan badané ya ora bakal dijarké dadi rusak.*+
-
-
Kisah 13:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Sakwisé nyingkirké Saul, Dhèwèké ngangkat Daud dadi raja.+ Gusti Allah mènèhi kesaksian soal Daud lan kandha, ’Aku wis milih Daud anaké Isai,+ wong sing nyenengké ati-Ku.+ Dhèwèké bakal nindakké kabèh sing Tak karepké.’ 23 Kaya sing dijanjèkké, Gusti Allah mènèhi Israèl wong sing bakal nylametké, sing asalé saka keturunané* Daud, yaiku Yésus.+
-