12 Bengi kuwi, Aku bakal lunga menyang tanah Mesir lan matèni kabèh anak pertama ing Mesir, saka anak pertamané manungsa nganti anak pertamané kéwan.+ Aku bakal ngukum déwa-déwané wong Mesir.+ Aku iki Yéhuwah.
29 Pas tengah wengi, Yéhuwah matèni kabèh anak pertama ing tanah Mesir,+ saka anak pertamané wong sing lagi mréntah, yaiku Firaun, nganti anak pertamané tahanan sing ana ing penjara. Kabèh anak pertamané kéwan ya dipatèni.+