-
Pangentasan 7:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Musa lan Harun langsung nindakké préntahé Yéhuwah. Harun ngethungké tongkaté lan nggebug banyu sing ana ing Kali Nil ing ngarepé Firaun lan para abdiné. Banyu kuwi langsung dadi getih.+
-
-
Pangentasan 8:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Mula, Harun ngethungké tongkaté ing banyu sing ana ing Mesir. Kodhok-kodhok metu lan nutupi tanah Mesir.
-
-
Pangentasan 9:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Sésuké, Yéhuwah tumindak kaya sing diomongké mau. Kabèh ternaké wong Mesir mati,+ tapi ora ana ternaké wong Israèl sing mati.
-
-
Pangentasan 9:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Terus Musa lan Harun njupuk awu saka tungku, lan awu kuwi disebar ing ngarepé Firaun. Wong lan kéwan sing kena awu kuwi dadi bisulen.
-
-
Pangentasan 9:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Musa ngethungké tongkaté ing langit, lan Yéhuwah nggawé udan ès, bledhèg, lan geni* mudhun saka langit. Yéhuwah terus nggawé udan ès ing tanah Mesir.
-
-
Pangentasan 10:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ethungna tongkatmu ing tanah Mesir bèn walang nyerbu tanah Mesir lan mangan kabèh tanduran ing tanah kuwi sing isih ana sakwisé udan ès.”
-
-
Pangentasan 10:21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ethungna tongkatmu ing langit bèn tanah Mesir dadi peteng banget.”
-