PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 49:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan soal Édom:

      ”Apa kawicaksanan* wis ora ana manèh ing Téman?+

      Apa wong-wong sing nduwé pemahaman wis ora isa mènèhi naséhat sing apik?

      Apa kawicaksanané wis ora ana gunané?

  • Kidung Pangadhuh 4:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Hé kutha Zion, hukuman kanggo kesalahanmu wis rampung.

      Gusti Allah ora bakal nggawé kowé ditawan manèh.+

      Ning kowé, wong Édom, Gusti Allah bakal nggatèkké kesalahanmu.

      Dhèwèké bakal mbukak dosa-dosamu.+

  • Yèhèzkièl 25:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Édom wis ngukum wong Yéhuda. Kesalahané Édom kuwi gedhé banget merga wis balas dendam marang wong Yéhuda.+

  • Obaja 10-13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Merga tumindakmu sing kejem marang Yakub sedulurmu,+

      Kowé bakal diisin-isinké,+

      Lan kowé bakal musnah saklawasé.+

      11 Wektu wong-wong sing ora dikenal nawan para prajurité,+

      Wektu wong-wong asing mlebu ing gerbangé lan nguncalké undhi+ kanggo Yérusalèm,

      Kowé mung ngadeg lan meneng waé.

      Kowé padha jahaté kaya wong-wong kuwi.

      12 Kuduné kowé ora seneng wektu ndelok sedulurmu sengsara,+

      Kuduné kowé ora seneng wektu wong Yéhuda musnah,+

      Lan kuduné kowé ora ngécé wektu wong-wong kuwi susah.

      13 Kuduné kowé ora mlebu ing gerbangé umat-Ku pas wong-wong kuwi kena bencana,+

      Kuduné kowé ora seneng pas wong-wong kuwi kena bencana,

      Lan kuduné kowé ora ngrampas hartané pas wong-wong kuwi kena bencana.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim