-
Pangentasan 30:34-36Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu njupuk bahan-bahan sing wangi iki:+ getah wangi, kulit kerang sing wangi, getah galbanum,* lan menyan murni. 35 Bahan-bahan kuwi kudu mbok tambahi uyah,+ terus mbok gawé dupa+ sing murni lan suci, kaya gawéané wong sing nggawé minyak wangi.* 36 Saka bahan-bahan kuwi, ana sing kudu mbok aluské dadi serbuk sing alus, lan kuwi kudu mbok dèlèhke ing ngarepé Kesaksian ing kémah pertemuan. Aku bakal nemoni kowé ing kono. Dupa kuwi kudu mbok anggep suci banget.
-
-
Wahyu 8:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Malaékat liyané teka nggawa wadhah dupa saka emas lan ngadeg ing cedhak mézbah.+ Dhèwèké diwènèhi dupa akèh banget+ supaya isa ngobong kuwi ing mézbah emas+ sing ana ing ngarepé takhta wektu kabèh wong suci ndonga. 4 Dongané+ para wong suci lan asap dupa sing diobong karo para malaékat kuwi munggah bareng nganti tekan ngarepé Gusti Allah.
-