-
Yohanes 19:23, 24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Sakwisé maku Yésus ing cagak, para prajurit njupuk klambi njabané Yésus. Terus, klambi kuwi dibagi-bagi dadi patang bagéan lan saben prajurit éntuk sak bagéan. Para prajurit kuwi ya njupuk klambi njeroné Yésus. Klambi kuwi ora ana jahitané merga ditenun saka ndhuwur tekan ngisor. 24 Mula, para prajurit ngomong karo prajurit liyané, ”Klambi iki aja disuwèk, ning ayo diundhi waé kanggo nentokké sapa sing éntuk klambi iki.”+ Kuwi kelakon kaya sing ditulis ing Kitab Suci, ”Wong-wong kuwi mbagi-mbagi klambiku, lan klambiku diundhi.”+ Kuwi sing ditindakké para prajurit mau.
-