-
Matius 26:59-61Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
59 Para imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin* nggolèk seksi palsu bèn isa nudhuh Yésus. Kabèh wong kuwi péngin ngukum mati Yésus.+ 60 Tapi, senajan ana akèh seksi palsu,+ wong-wong kuwi ora nemokké bukti apa-apa. Terus, ana seksi loro maju. 61 Seksi kuwi kandha, ”Wong iki ngomong, ’Aku isa ngambrukké baité Gusti Allah lan isa tak bangun manèh ing wektu telung dina.’”+
-