12 Daud mikirké omongané wong-wong kuwi lan dadi kewedèn+ karo Akhis raja Gat. 13 Mula, Daud éthok-éthok édan+ ing ngarepé wong-wong kuwi. Pas bareng karo wong-wong kuwi, tumindaké Daud kaya wong édan. Daud nyorèti lawang-lawang gerbang, lan ileré dlèwèran ing jénggoté.