-
Pangandharing Torèt 6:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Iki préntah, peraturan, lan hukum saka Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu tak wulangké marang kowé. Kowé kudu manut karo kabèh kuwi ing tanah sing bakal mbok rebut sakwisé kowé nyabrang. 2 Dadi, saksuwéné kowé urip, kowé bakal wedi karo Yéhuwah Gusti Allahmu lan manut karo kabèh peraturan lan préntahé sing tak omongké marang kowé lan anak putumu+ bèn umurmu dawa.+
-
-
Pangandharing Torèt 30:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Dina iki, aku wis mènèhi kowé pilihan, urip apa mati, berkah apa kutukan.+ Langit lan bumi bakal dadi seksiné. Kowé lan keturunanmu+ kudu milih urip bèn isa tetep urip.+ 20 Mula, kowé kudu tresna karo Yéhuwah Gusti Allahmu,+ ngrungokké omongané, lan setya marang Dhèwèké.+ Dhèwèké sing mènèhi urip, lan Dhèwèké sing isa nggawé kowé manggon suwé ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah, kaya janjiné marang nènèk moyangmu, yaiku Abraham, Ishak, lan Yakub.”+
-
-
1 Pétrus 3:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Ana ayat sing kandha, ”Sapa waé sing péngin urip lan dawa umuré aja nganti ngomongké sing èlèk,+ lan kudu ati-ati bèn aja nganti ngapusi. 11 Dhèwèké kudu nindakké sing apik,+ aja nganti nindakké sing jahat.+ Dhèwèké kudu ngupaya rukun karo kabèh wong lan tetep rukun.+ 12 Yéhuwah* nggatèkké wong sing bener, lan Dhèwèké ngrungokké wektu wong kuwi njaluk marang Dhèwèké.+ Ning, Yéhuwah* nolak wong sing tumindaké jahat.”+
-