-
1 Samuèl 19:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Yonatan ngomong sing apik-apik soal Daud+ marang Saul bapaké. Yonatan kandha, ”Aja nganti Raja nggawé dosa marang Daud merga Daud ora nggawé dosa marang Raja. Apa waé sing dilakoni Daud kuwi mesthi ana manfaaté kanggo Raja. 5 Daud wis toh nyawa bèn isa matèni Goliat,+ mula Yéhuwah mènèhi Israèl kemenangan* sing gedhé. Njenengan wis ndelok dhéwé, lan njenengan ya mèlu seneng. Dadi, ngapa kok njenengan péngin matèni Daud tanpa alesan lan nggawé dosa marang wong sing ora salah kuwi?”+
-
-
Yérémia 18:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Apa pantes nèk tumindak apik dibales nganggo tumindak jahat?
Wong-wong kuwi nggali lubang kanggo matèni aku.+
Élinga piyé aku ngadeg ing ngarep-Mu kanggo ngomongké sing apik soal wong-wong kuwi,
Bèn Njenengan ora nesu manèh marang wong-wong kuwi.
-