-
Wahyu 21:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Aku krungu swara banter saka takhta kuwi kandha, ”Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa, Gusti Allah bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umaté. Gusti Allah dhéwé sing bakal ngancani wong-wong kuwi.+ 4 Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi.+ Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara.+ Malah, kematian ya ora bakal ana manèh.+ Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.”
-