-
Para Hakim 13:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Bar kuwi, Manoah kandha marang bojoné, ”Awaké dhéwé mesthi mati merga bar ndelok Gusti Allah.”+ 23 Ning bojoné Manoah kandha, ”Nèk Yéhuwah pancèn péngin matèni awaké dhéwé, Dhèwèké ora mungkin nampa persembahan bakaran+ lan persembahan biji-bijiané awaké dhéwé. Dhèwèké ya ora bakal nduduhké lan ngomongké perkara-perkara mau marang awaké dhéwé.”
-
-
1 Samuèl 25:30, 31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Sakwisé Yéhuwah nindakké kabèh sing apik sing Dhèwèké janjèkké marang njenengan lan nglantik njenengan dadi pemimpiné Israèl,+ 31 atiné njenengan ora bakal rumangsa salah utawa gela, merga njenengan ora sida matèni tanpa alesan utawa balas dendam.+ Nèk Yéhuwah wis mberkahi njenengan, aja lali karo abdimu wédok iki.”
-
-
Èster 5:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 nèk aku nyenengké kanggoné Raja lan nèk Raja gelem ngabulké sing tak péngini lan mènèhi sing tak jaluk, tulung sésuk njenengan teka karo Haman menyang pésta sing bakal tak anakké. Sésuk aku bakal ngandhani apa kepénginanku.”
-
-
Titus 2:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Tumindaké wong-wong wédok sing wis tuwa kudu ngajèni Gusti Allah. Wong-wong kuwi ya aja seneng mitnah, aja ketagihan ngombé anggur, lan kudu mulangké apa sing apik.
-