-
Wulang Bebasan 14:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Wong wédok sing bener-bener wicaksana nguwatké keluargané,+
Ning wong wédok sing bodho ngrusak keluargané dhéwé.
-
-
1 Timotius 5:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Randha sing isa dilebokké ing daftar kuwi yaiku sing umuré 60 taun munggah, sing mbiyèn setya karo bojoné.* 10 Randha kuwi ya kudu dikenal seneng nindakké apa sing apik,+ ndhidhik anak-anaké,+ murah hati,+ ngwijiki sikilé wong-wong suci,+ mbantu wong sing kesusahan,+ lan réla ngabdi kanggo nindakké kabèh gawéan sing apik.
-
-
Titus 2:3-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Tumindaké wong-wong wédok sing wis tuwa kudu ngajèni Gusti Allah. Wong-wong kuwi ya aja seneng mitnah, aja ketagihan ngombé anggur, lan kudu mulangké apa sing apik. 4 Dadi, wong-wong wédok kuwi isa mènèhi naséhat marang* wong-wong wédok sing luwih enom bèn nresnani bojoné, nresnani anak-anaké, 5 ngurusi omahé, nduwé pertimbangan sing apik, murni, nindakké apa sing apik, lan manut karo bojoné.+ Tujuané bèn omongané Gusti Allah ora dièlèk-èlèk.
-