-
1 Para Raja 1:16-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Bar kuwi Bat-syéba sujud ing ngarepé Raja, terus Raja kandha, ”Kowé arep njaluk apa?” 17 Bat-syéba kandha, ”Rajaku, njenengan kan wis sumpah marang abdimu iki demi Yéhuwah Gusti Allahmu, ’Anakmu Salomo bakal dadi raja sakwisé aku, lan dhèwèké kuwi wong sing bakal lungguh ing takhtaku.’+ 18 Ning saiki Adoniya sing dadi raja, lan rajaku ora ngerti apa-apa soal kuwi.+ 19 Dhèwèké mènèhké korban sapi lanang, kéwan sing lemu-lemu, lan domba sing akèh banget. Dhèwèké ya ngundang kabèh anaké Raja, Imam Abiatar, lan Yoab pemimpin pasukan,+ ning ora ngundang Salomo abdimu.+ 20 Rajaku, kabèh wong Israèl lagi nunggu njenengan ngumumké sapa sing bakal lungguh ing takhtané njenengan. 21 Nèk rajaku ora nindakké kuwi, mengko sakwisé njenengan mati,* aku lan Salomo anakku bakal dianggep pengkhianat.”
-