-
Pangandharing Torèt 32:45-47Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
45 Sakwisé Musa rampung ngomongké kabèh kuwi marang kabèh wong Israèl, 46 dhèwèké kandha, ”Pikirna tenanan kabèh sing tak omongké marang kowé dina iki,+ bèn kowé isa ngandhani anak-anakmu supaya nindakké kabèh Hukum iki.+ 47 Sing tak omongké iki penting banget merga isa nggawé kowé tetep urip.+ Nèk kowé manut karo omongan iki, umurmu bakal dawa ing tanah sing bakal mbok duwèni sakwisé kowé nyabrang Kali Yordan.”
-
-
Ibrani 12:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Pancèn wektu didhidhik, awaké dhéwé ora seneng, ning ngrasa sedhih. Tapi sakwisé didhidhik, awaké dhéwé bakal ngrasa ayem lan isa nindakké apa sing bener merga wis dilatih liwat dhidhikan kuwi.
-