PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wulang Bebasan 7:14-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 ”Aku kudu mènèhké korban kerukunan.+

      Dina iki aku wis nepati janjiku.

      15 Mula aku metu bèn isa ketemu kowé.

      Aku nggolèki kowé, lan akhiré ketemu kowé.

      16 Panggonanku turu wis tak lèmèki nganggo kain sing apik,

      Linèn sing wernané macem-macem saka Mesir.+

      17 Panggonanku turu wis tak ciprati nganggo mur,* gaharu,* lan kayu manis.+

      18 Ayo turu bareng tekan ésuk.

      Ayo nindakké hubungan sèks.*

      19 Bojoku ora ana ing omah.

      Dhèwèké lagi lunga adoh.

      20 Dhèwèké nggawa dhuwit,

      Lan dhèwèké ora bakal bali nganti bulan purnama.”

      21 Wong wédok kuwi ngapusi lan ngrayu cah lanang mau.+

      Dhèwèké nggodha cah lanang mau nganggo rayuané.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim