PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wulang Bebasan 2:18, 19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Nèk kowé mara ing omahé, kuwi padha waé karo golèk mati,

      Lan dalan menyang omahé padha waé karo dalan menyang kuburan.+

      19 Sing nindakké hubungan sèks karo dhèwèké ora bakal isa bali

      Lan mesthi bakal mati.*+

  • Wulang Bebasan 5:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Dadi, anakku, ngapa kok kowé nganti seneng karo wong wédok sing bejat*

      Utawa ndhekep dhadhané wong wédok sing ora nggenah.*+

  • Wulang Bebasan 5:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Dhèwèké bakal mati merga ora gelem dikandhani

      Lan bakal kesasar merga dhèwèké bodho banget.

  • Maléakhi 3:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 ”Aku bakal teka kanggo ngadili kowé. Aku bakal langsung ngadili wong-wong sing nggunakké ilmu gaib,+ wong sing laku jina, wong sing nggawé sumpah palsu,+ wong sing ngapusi buruh upahan,+ wong sing ngapusi randha lan anak yatim,*+ lan wong sing ora gelem mbantu* wong asing.+ Wong-wong kuwi ora wedi karo* Aku,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

  • 1 Korintus 6:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing ora bener ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah?+ Aja ngapusi awakmu dhéwé.* Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ wong sing nyembah brahala,+ wong sing laku jina,+ wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong lanang,*+ 10 wong sing nyolong, wong sing srakah,+ wong sing seneng mabuk,+ wong sing seneng ngrèmèhké,* lan wong sing ngrampok ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.+

  • Ibrani 13:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Perkawinan kudu dianggep berharga karo kabèh wong. Aja nganti wong lanang lan wong wédok sing wis nikah ora setya,+ merga Gusti Allah bakal ngadili wong-wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes* lan sing laku jina.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim