1Awalé, Sabda*+ kuwi ana. Sabda kuwi bareng karo Gusti Allah,+ lan Sabda kuwi kaya Gusti Allah.+2 Kèt awal, dhèwèké wis bareng karo Gusti Allah. 3 Kabèh ana liwat dhèwèké,+ lan nèk ora liwat dhèwèké, kabèh ora bakal ana.
14 Sabda kuwi dadi manungsa+ lan manggon ing tengah-tengahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya wis ndelok kemuliaané. Kemuliaan kuwi kaya kemuliaan sing ditampa anak tunggal*+ saka bapaké. Dhèwèké kuwi apikan banget lan mesthi ngomongké apa sing bener.