-
1 Korintus 9:20-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Marang wong Yahudi, aku dadi wong Yahudi bèn aku isa mbantu wong Yahudi.+ Marang wong sing nindakké hukum, aku dadi wong sing nindakké hukum bèn aku isa mbantu wong-wong kuwi, senajan aku dhéwé ora nindakké hukum.+ 21 Marang wong sing ora nindakké hukum, aku dadi wong sing ora nindakké hukum bèn aku isa mbantu wong-wong kuwi, senajan aku dhéwé nindakké hukumé Gusti Allah lan hukumé Kristus.+ 22 Marang wong sing lemah, aku dadi wong sing lemah bèn aku isa mbantu wong-wong kuwi.+ Aku wis ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu kabèh wong lan nindakké apa waé bèn ana sing isa tak slametké.
-
-
Yakobus 5:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Sedulur-sedulurku, nèk ing antaramu ana sing ora nindakké apa sing bener manèh, lan ana sing mbantu sedulur kuwi bèn mertobat saka dosané, 20 sing mbantu sedulur mau bèn mertobat saka dosané+ bakal nylametké sedulur sing nindakké dosa mau saka kematian. Dhèwèké ya mbantu sedulur mau bèn dosané diapura.+
-