-
Purwaning Dumadi 33:12-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Terus Ésau kandha, ”Ayo lunga saka kéné. Aku tak mlaku ing ngarepmu.” 13 Ning, Yakub kandha, ”Kowé ngerti nèk anakku isih cilik-cilik.+ Aku ya nggawa domba lan sapi sing isih nyusoni anaké. Nèk mlakuné dikongkon cepet-cepet, kabèh ternak bakal mati. 14 Kowé mangkat dhisik waé. Aku tak mlaku alon-alon bareng karo anak-anakku lan ternakku nganti tekan panggonanmu ing Séir.”+
-
-
Pangentasan 23:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”Enem dina kowé kudu kerja, tapi ing dina kepitu, kowé ora éntuk kerja bèn sapimu, keledaimu, budhakmu, lan wong asing isa istirahat.+
-
-
Pangandharing Torèt 22:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 ”Nèk kowé ndelok sapi utawa keledainé sedulurmu tiba ing dalan, kowé aja meneng waé. Kowé kudu mbantu kéwan kuwi ngadeg manèh.+
-
-
Pangandharing Torèt 22:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Aja nggunakké sapi bareng-bareng karo keledai kanggo mbajak.+
-
-
Pangandharing Torèt 25:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 ”Aja nutupi cangkemé sapi sing lagi ngidak-idak biji-bijian.+
-