-
Kisah 16:23-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Sakwisé digebugi ping bola-bali, wong loro kuwi dilebokké penjara. Terus, ana penjaga penjara sing dikongkon njaga tenanan wong loro kuwi.+ 24 Merga éntuk préntah kuwi, penjaga penjara mau nglebokké Paulus lan Silas ing kamar penjara sing paling njero lan sikilé wong loro kuwi dipasung.*
25 Ning, kira-kira pas tengah wengi, Paulus lan Silas ndonga lan nyanyi lagu pujian marang Gusti Allah.+ Wong-wong liyané sing dipenjara ya padha ngrungokké.
-