-
1 Samuèl 22:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Mula, Raja ngongkon para penjaga* sing ana ing sekitaré, ”Para imamé Yéhuwah iki kudu mbok patèni merga wis mihak Daud. Para imam kuwi ngerti nèk Daud kuwi buronan, ning ora nglaporké marang aku.” Tapi, para abdiné Raja ora gelem matèni para imamé Yéhuwah. 18 Terus Raja ngongkon Doèg,+ ”Patèni para imam kuwi!” Dina kuwi, Doèg wong Édom+ langsung nyerang lan matèni wong 85 sing nganggo klambi éfod.*+
-
-
1 Para Raja 2:29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Raja Salomo éntuk laporan, ”Yoab mlayu menyang kémahé Yéhuwah. Dhèwèké ana ing jèjèré mézbah.” Mula, Salomo ngutus Bénaya anaké Yéhoyada lan kandha, ”Mangkata, patènana wong kuwi!”
-