41 Bar kuwi, Saul kandha marang Yéhuwah, ”Gusti Allahé Israèl, jawaben aku nganggo Tumim.”+ Terus, sing kepilih yaiku Yonatan lan Saul. Dadi, para prajurit ora disalahké. 42 Saul kandha, ”Uncalna undhi+ kanggo nentokké sapa sing dosa antarané aku lan Yonatan anakku.” Sing kepilih yaiku Yonatan.