-
2 Samuèl 18:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Bar kuwi, wong sepuluh sing mbantu nggawa senjatané Yoab teka lan nyerang Absalom nganti mati.+
-
-
2 Samuèl 20:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Ana wong lanang Bènyamin sing seneng nggawé masalah, jenengé Syéba+ anaké Bikhri.+ Dhèwèké nyebul trompèt* lan kandha, ”Awaké dhéwé ora nduwé urusan karo Daud. Awaké dhéwé ora bakal éntuk manfaat apa-apa saka dhèwèké. Warisané anaké Isai+ kuwi bèn dipèk dhéwé. Hé wong Israèl,+ kowé kudu nyembah allahmu* dhéwé-dhéwé.”
-
-
2 Samuèl 20:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Wong wédok sing wicaksana kuwi cepet-cepet mlebu lan ngandhani wong-wong. Terus, wong-wong nugel sirahé Syéba anaké Bikhri lan nguncalké kuwi marang Yoab. Bar kuwi, Yoab nyebul trompèté* lan pasukané bubar ninggalké kutha. Terus, wong-wong kuwi mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.+ Yoab bali marang Raja ing Yérusalèm.
-