PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Samuèl 2:22-25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Èli wis tuwa banget. Dhèwèké wis krungu soal tumindaké anak-anaké+ marang kabèh wong Israèl. Dhèwèké ya ngerti nèk anak-anaké turu karo wong-wong wédok sing nglayani ing lawang kémah pertemuan.*+ 23 Èli biasané kandha karo anak-anaké, ”Ngapa kok kowé terus tumindak kaya ngono? Wong-wong padha ngomongké sing èlèk soal kowé. 24 Aja ngono, Lé. Laporan sing tak rungokké saka umaté Yéhuwah kuwi ora apik. 25 Nèk wong nggawé dosa marang wong liya, ana sing isa njaluk marang Yéhuwah bèn wong kuwi dimesakké.* Ning, nèk wong nggawé dosa marang Yéhuwah,+ sapa sing isa ndonga kanggo dhèwèké?” Senajan ngono, anak-anaké Èli ora gelem ngrungokké bapaké merga Yéhuwah wis mutuské arep matèni wong-wong kuwi.+

  • 1 Samuèl 8:1-3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Wektu wis saya tuwa, Samuèl nglantik anak-anaké dadi hakimé Israèl. 2 Anaké sing pertama jenengé Yoèl lan sing nomer loro jenengé Abiya.+ Wong loro kuwi dadi hakim ing Béèr-syéba. 3 Ning, anak-anaké kuwi ora niru contoné bapaké. Wong loro kuwi nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur,+ nampa suap,+ lan ora adil wektu ngadili.+

  • 2 Samuèl 15:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Daud langsung ngandhani kabèh abdiné sing ana ing Yérusalèm, ”Ayo kabèh ndang lunga+ lan mlayu, merga awaké dhéwé ora bakal isa lolos saka Absalom. Cepet, aja nganti dhèwèké nyusul. Dhèwèké bakal matèni awaké dhéwé lan wong-wong ing kutha iki.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim