-
Danièl 5:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Njenengan malah nglawan Gusti sing nguwasani swarga+ lan ngongkon bèn cangkir-cangkir saka omahé dijupuk.+ Terus, njenengan ngombé nganggo cangkir-cangkir kuwi lan muji brahala-brahala sing digawé saka emas, pérak, tembaga, wesi, kayu, lan watu bareng karo para bangsawan, gundhik, lan seliré njenengan. Padahal brahala-brahala kuwi ora isa ndelok, ora isa ngrungokké, lan ora ngerti apa-apa.+ Njenengan ora ngluhurké Gusti Allah sing isa nentokké njenengan urip apa mati lan sing nduwé kuwasa ing uripé njenengan.+
-
-
Danièl 5:30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Bengi kuwi, Bèlsyazar raja Khaldéa dipatèni.+
-
-
Kisah 12:21-23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Wektu wong-wong padha ngumpul, Hérodès lungguh ing kursi pengadilan nganggo jubah raja lan mulai pidato. 22 Terus, wong-wong sing ngumpul kuwi mulai mbengok, ”Iki swarané allah, dudu swarané manungsa.” 23 Malaékaté Yéhuwah* langsung nggawé Hérodès lara merga dhèwèké ora ngluhurké Gusti Allah. Terus, Hérodès dipangan cacing-cacing lan mati.
-