PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 50:19-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Yusuf kandha, ”Aja wedi. Aku dudu Gusti Allah sing isa ngadili kowé. 20 Senajan wektu kuwi kowé nduwé niat jahat marang aku,+ Gusti Allah ngubah kuwi dadi apik kanggo nylametké wong akèh, kaya sing mbok delok saiki.+ 21 Dadi saiki aja wedi. Aku bakal tetep nyedhiakké pangan+ kanggo kowé lan anak-anakmu.” Ya ngono kuwi Yusuf nggawé kakang-kakangé tenang lan ora wedi manèh.

  • Matius 18:21, 22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Terus, Pétrus mara lan kandha, ”Gusti, nèk sedulurku nggawé salah marang aku, nganti ping pira aku kudu ngapura dhèwèké? Apa nganti ping pitu?” 22 Yésus njawab, ”Kowé tak kandhani, ora mung nganti ping 7, ning nganti ping 77.”+

  • Éfésus 4:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Kowé kudu apikan karo wong liya, nduwé rasa mesakké,+ lan tulus ngapura wong liya kaya Gusti Allah wis tulus ngapura kowé liwat Kristus.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim