-
Purwaning Dumadi 9:20, 21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Nuh dadi petani, lan dhèwèké nggawé kebon anggur. 21 Pas ngombé anggur, Nuh dadi mabuk, terus turu karo wuda ing njero kémahé.
-
-
Wulang Bebasan 23:29-35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Sapa sing susah? Sapa sing kuwatir?
Sapa sing padu? Sapa sing sambat?
Sapa sing luka, ning ora ana sebabé? Sapa sing mripaté abang?*
30 Kuwi wong-wong sing ngentèkké wektuné kanggo ngombé anggur.+
Kuwi wong-wong sing ngumpul bèn isa ngrasakké* anggur oplosan.
31 Aja ndelok anggur sing wernané abang
Sing berkilau ing cangkir, lan rasané sing énak nggawé kowé seneng,
32 Merga akhiré kuwi bakal nyokot kaya ula,
Lan nyemburké racun kaya ula beracun.
33 Mripatmu bakal ndelok sing anèh-anèh,
Lan omonganmu bakal nglantur.+
34 Kowé bakal kaya wong sing turu* ing tengah laut,
Kaya wong sing turu ing pucuké cagak kapal.
35 Kowé bakal ngomong, ”Aku diantemi,* ning ora krasa.*
Wong-wong kuwi ngantemi aku, ning aku ora kèlingan.
-