5 Ing jamané Hérodès,+ raja Yudéa, ana imam sing jenengé Zakharia saka regu Abiya.+ Zakharia nduwé bojo sing jenengé Èlisabèt. Èlisabèt kuwi salah siji saka keturunané Harun. 6 Gusti Allah nganggep wong loro kuwi wong sing bener. Wong loro kuwi manut banget karo kabèh préntah lan hukumé Yéhuwah.