-
Lukas 14:8-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 ”Nèk kowé diundang ing pésta mantènan, aja lungguh ing panggonané tamu penting.+ Isa waé sing nduwé gawé wis ngundang wong sing luwih dihormati timbang kowé. 9 Terus, wong sing ngundang kowé bakal marani kowé lan kandha, ’Iki lungguhané dhèwèké.’ Bar kuwi, kowé bakal kisinan lan kepeksa pindhah ing panggonan mburi dhéwé. 10 Mula, nèk kowé diundang, lungguha ing panggonan sing mburi dhéwé. Dadi, nèk pas wong sing ngundang kowé marani kowé lan kandha, ’Kancaku, ayo lungguh ing ngarep waé,’ kowé bakal dihormati tamu-tamu liyané.+
-