PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 12:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Terus Daud kandha marang Natan, ”Aku wis dosa marang Yéhuwah.”+ Natan njawab Daud, ”Yéhuwah wis ngapura kowé.+ Kowé ora bakal mati.+

  • 2 Babad 33:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Pas lagi sengsara banget, dhèwèké njaluk dimesakké Yéhuwah Gusti Allahé lan terus ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allahé nènèk moyangé. 13 Dhèwèké terus-terusan ndonga marang Gusti Allah. Akhiré, Gusti Allah gelem ngrungokké dongané lan njawab wektu dhèwèké njaluk bèn dimesakké. Gusti Allah nggawé Manasyé bali menyang Yérusalèm lan nggawé dhèwèké dadi raja manèh.+ Akhiré, Manasyé ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.+

  • Mazmur 32:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  3 Pas aku ora ngakoni dosaku, aku dadi kesel merga bola-bali sambat.+

  • Mazmur 32:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 Tapi akhiré aku ngakoni dosaku marang Njenengan.

      Aku ora nutup-nutupi kesalahanku.+

      Aku kandha, ”Aku bakal ngakoni kesalahanku marang Yéhuwah.”+

      Lan Njenengan ngapura salah lan dosaku.+ (Sela)

  • Mazmur 51:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 51 Oh Gusti Allah, tulung mesakké aku merga Njenengan sayang karo aku.*+

      Tulung dosaku diapura merga Njenengan nduwé rasa mesakké.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim