-
2 Para Raja 5:20-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Géhazi+ pelayané Èlisa abdiné Gusti Allah sing bener+ kuwi mbatin, ’Majikanku meneng waé pas Naaman+ wong Siria kuwi lunga lan ora gelem nampa hadiah sing digawa Naaman. Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, aku bakal mlayu nututi Naaman lan njaluk hadiah saka dhèwèké.’ 21 Terus, Géhazi mlayu nututi Naaman. Wektu Naaman weruh ana wong mlayu ing mburiné, dhèwèké mudhun saka krétané kanggo nemoni wong kuwi, lan kandha, ”Ana apa?” 22 Géhazi kandha, ”Ora ana apa-apa. Majikanku ngongkon aku, kandhané, ’Ana cah enom loro keturunané nabi marani aku saka dhaérah pegunungan Éfraim. Wènèhana wong-wong kuwi siji talènta pérak lan klambi cacahé loro.’”+
-