-
1 Samuèl 2:22-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Èli wis tuwa banget. Dhèwèké wis krungu soal tumindaké anak-anaké+ marang kabèh wong Israèl. Dhèwèké ya ngerti nèk anak-anaké turu karo wong-wong wédok sing nglayani ing lawang kémah pertemuan.*+ 23 Èli biasané kandha karo anak-anaké, ”Ngapa kok kowé terus tumindak kaya ngono? Wong-wong padha ngomongké sing èlèk soal kowé. 24 Aja ngono, Lé. Laporan sing tak rungokké saka umaté Yéhuwah kuwi ora apik. 25 Nèk wong nggawé dosa marang wong liya, ana sing isa njaluk marang Yéhuwah bèn wong kuwi dimesakké.* Ning, nèk wong nggawé dosa marang Yéhuwah,+ sapa sing isa ndonga kanggo dhèwèké?” Senajan ngono, anak-anaké Èli ora gelem ngrungokké bapaké merga Yéhuwah wis mutuské arep matèni wong-wong kuwi.+
-
-
2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
-