-
1 Para Raja 21:8-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Izebèl nulis surat nganggo jenengé Ahab lan meterainé+ Raja, terus ngirim surat-surat kuwi marang para pemimpin*+ lan pejabat sing manggon ing kuthané Nabot. 9 Izebèl nulis ing surat kuwi, ”Umumna pasa, lan kongkonen Nabot lungguh ing ngarepé wong-wong. 10 Kongkonen pengangguran loro lungguh ing ngarepé lan nudhuh dhèwèké,+ ’Kowé wis ngutuk Gusti Allah lan Raja!’+ Terus, gawanen dhèwèké metu saka kutha lan bandhemana* nganggo watu nganti mati.”+
11 Mula, wong-wong ing kutha kuwi, yaiku para pemimpin lan pejabat sing manggon ing kana, nindakké persis kaya sing ditulis Izebèl ing suraté.
-
-
Yérémia 38:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Para pejabat kuwi kandha marang Raja Zédékia, ”Wong iki dipatèni waé+ merga omongané mau nggawé para prajurit sing isih ana ing kutha iki lan kabèh rakyat dadi ora semangat. Dhèwèké ora péngin bangsa iki tentrem, ning péngin bangsa iki ngalami bencana.” 5 Raja Zédékia njawab, ”Terserah kowé waé dhèwèké arep mbok apakké. Aku ora isa ngalang-alangi kowé.”
-