-
Pengkhotbah 2:4-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Aku nindakké gawéan-gawéan sing luar biasa.+ Aku mbangun omah-omah kanggo awakku dhéwé.+ Aku nggawé kebon-kebon anggur kanggo awakku dhéwé.+ 5 Aku nggawé kebon-kebon lan taman-taman, lan aku nandur akèh wit buah-buahan ing kana. 6 Aku nggawé kolam-kolam kanggo awakku dhéwé, dienggo ngalirké banyu kanggo wit-witan sing isih enom ing hutan. 7 Aku éntuk akèh pembantu lanang lan wédok,+ lan aku nduwé pembantu-pembantu sing lair ing omahku.* Aku ya éntuk akèh ternak, yaiku sapi, kambing, lan domba,+ ngluwihi wong-wong ing Yérusalèm sing urip sakdurungé aku. 8 Aku ngumpulké pérak lan emas kanggo awakku dhéwé,+ harta* saka para raja lan provinsi-provinsi.+ Aku ngumpulké para penyanyi lanang lan wédok kanggo awakku dhéwé, lan ya ngumpulké sing dadi kesenengané anak-anaké lanang manungsa, yaiku wong-wong wédok.*
-