-
Pengkhotbah 5:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Aku ndelok nèk iki apik lan cocog kanggo dilakoni: Wong kuduné mangan, ngombé, lan ngrasakké kabèh hasil kerja kerasé+ sing wis diupayakké ing ngisoré matahari saksuwéné uripé sing singkat, sing diwènèhké Gusti Allah sing bener marang dhèwèké. Kuwi upahé.*+ 19 Sakliyané kuwi, wektu Gusti Allah sing bener mènèhi wong harta+ lan kesempatan kanggo nggunakké harta kuwi, dhèwèké kuduné nampa upahé* lan ngrasa seneng merga hasil kerja kerasé. Iki hadiah saka Gusti Allah.+
-
-
Yésaya 65:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Wong bakal mbangun omah lan manggon ing kono.+
Wong bakal nggawé kebon anggur lan mangan buahé.+
22 Omah sing dibangun ora bakal dienggoni wong liya,
Lan hasil kebon anggur sing ditandur ora bakal dipangan wong liya.
Umuré umat-Ku bakal kaya umuré wit,+
Lan wong-wong sing Tak pilih bakal ngrasa puas merga hasil kerja kerasé.
-