PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 36:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.

  • Yésaya 42:24, 25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Sapa sing meneng waé pas Yakub dijarah

      Lan pas Israèl dirampok?

      Kuwi Yéhuwah, merga wong-wong kuwi wis nindakké dosa marang Dhèwèké.

      Wong-wong kuwi ora gelem nindakké préntahé

      Lan ora gelem manut hukumé.*+

      25 Dhèwèké terus-terusan nesu marang wong-wong kuwi.

      Dhèwèké nesu banget lan nggawé wong-wong kuwi ngalami perang sing medèni.+

      Kabèh sing ana ing sekitaré kobong nganti entèk, tapi wong-wong kuwi ora nggatèkké.+

      Wong-wong kuwi kobong, tapi wong-wong kuwi ora perduli.+

  • Zakharia 1:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Aku nesu banget karo bangsa-bangsa liya sing rumangsa aman kuwi.+ Nesu-Ku marang umat-Ku kuwi mung sedhéla,+ tapi bangsa-bangsa kuwi malah nggawé umat-Ku saya sengsara.”’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim