PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 15:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Dhèwèké nguncalké kréta perangé Firaun lan prajurité ing laut,+

      Para prajurité Firaun sing paling hébat kleleb ing Laut Merah.+

  • Néhémia 9:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Terus, Njenengan mènèhi tandha lan mukjijat kanggo ngukum Firaun, kabèh abdiné, lan kabèh rakyaté,+ merga Njenengan ngerti nèk wong-wong kuwi padha nindhes+ umaté Njenengan. Njenengan nggawé jenengé Njenengan dikenal nganti saiki.+ 11 Njenengan ya mbelah laut ing ngarepé wong-wong kuwi. Mula, wong-wong kuwi padha nyabrang laut ing tanah sing garing.+ Njenengan ya nggawé wong-wong sing ngoyak* wong-wong kuwi dadi kleleb kaya watu sing diuncalké ing laut sing ombaké gedhé.+

  • Mazmur 106:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Mukjijat sing luar biasa ing tanah Ham,+

      Lan tumindak sing luar biasa ing Laut Merah.+

  • Yèhèzkièl 29:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Ngomonga ngéné: ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

      ”Hé Firaun raja Mesir,+ Aku bakal nglawan kowé.

      Kowé kuwi kaya kéwan laut sing gedhé banget sing ana ing aliran-aliran Kali Nil,*+

      Sing kandha, ’Kali Nil kuwi duwèkku.

      Aku wis nggawé kali kuwi kanggo aku.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim