-
Yérémia 31:35, 36Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 Iki sing diomongké Yéhuwah,
Sing nggawé matahari ngetokké cahaya pas awan,
Sing netepké hukum kanggo bulan lan bintang-bintang bèn ngetokké cahaya pas bengi,
Sing nggawé laut gemuruh lan ombaké gedhé banget,
Sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan:+
36 ”’Merga peraturan-peraturan iki bakal ana sakterusé, keturunané Israèl ya bakal dadi bangsa ing ngarep-Ku sakterusé,’+ kandhané Yéhuwah.”
-
-
Yunus 1:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Terus, Yéhuwah nyebabké angin banter ing laut. Mula, ana badai sing gedhé banget nganti kapal kuwi arep kleleb.
-