-
Kaimaman 10:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Terus, Musa kandha marang Harun, ”Yéhuwah kandha ngéné, ’Wong sing ana ing cedhakku+ kudu éling nèk Aku iki suci, lan bangsa kuwi kudu mulyakké Aku.’” Harun mung meneng waé.
-
-
Ézra 1:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Raja Korès ya ngetokké peralatan-peralatan saka omahé Yéhuwah sing wis digawa Nébukhadnézar saka Yérusalèm lan ndèlèhké kuwi ing kuilé allahé.+
-
-
Ézra 8:30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Terus, para imam lan wong Lèwi nampa pérak, emas, lan kabèh peralatan sing wis ditimbang mau. Kuwi kabèh digawa ing Yérusalèm ing omahé Gusti Allahku.
-