PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 16:21, 22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Harun kudu ndèlèhké tangané loro-loroné ing endhasé kambing sing isih urip mau lan ngakoni kabèh kesalahan, pelanggaran, lan dosa-dosané wong Israèl. Kuwi kaya-kayané Harun ndèlèhké kabèh dosa kuwi ing ndhuwur endhasé kambing kuwi. Terus, Harun kudu mènèhké kambing kuwi+ marang wong sing wis ditugasi, lan wong kuwi kudu ngeculké kambing kuwi menyang padhang belantara. 22 Kambing kuwi kudu dieculké menyang padhang belantara+ bèn nggawa kabèh kesalahané wong Israèl.+

  • 1 Pétrus 2:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Dhèwèké nanggung dosané awaké dhéwé+ nganggo badané wektu dhèwèké dipaku ing cagak,*+ bèn awaké dhéwé dibébaské saka dosa lan isa urip kanggo nindakké apa sing bener. Sakliyané kuwi, ”luka-lukané nggawé kowé mari”.+

  • 1 Yohanes 2:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Anak-anakku sing tak tresnani, aku nulis iki marang kowé bèn kowé ora nindakké dosa. Ning nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulungi* awaké dhéwé, yaiku Yésus Kristus+ sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener.+ 2 Dhèwèké kuwi korban+ kanggo dosané awaké dhéwé,+ sing nggawé awaké dhéwé rukun manèh karo Gusti Allah. Malah, korbané kuwi ora mung kanggo dosané awaké dhéwé waé, ning kanggo dosané wong sak donya.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim