32 Ana penjahat loro sing ya digawa arep dihukum mati bareng Yésus.+ 33 Wektu wis tekan ing panggonan sing disebut Tengkorak,+ para prajurit maku Yésus ing cagak, ing antarané penjahat loro mau. Penjahat sing siji ing sebelah tengené Yésus, lan sing sijiné ing sebelah kiwa.+