30”Nèk kabèh omongan iki mbok alami, yaiku berkah lan kutuk sing tak omongké marang kowé,+ lan kowé éling+ karo kabèh kuwi wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawé kowé mencar-mencar ing antarané bangsa-bangsa,+
3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé mulih saka panggonan wektu kowé dadi tawanan.+ Gusti Allah ya bakal mesakké+ karo kowé lan ngumpulké kowé saka panggonan-panggonan kowé dipencarké karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+
12 Hé wong Israèl,+ Yéhuwah bakal ngumpulké kowé sing wis padha mencar ing Kali Éfrat tekan Wadi* Mesir,+ kaya wong sing nggebug-nggebug wit bèn buahé tiba lan ngumpulké buahé.
10 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Sakwisé kowé ana ing Babilon 70 taun, kowé bakal Tak gatèkké manèh,+ lan Aku bakal nepati janji-Ku kanggo nggawa kowé bali.’+