16 Hé Gog, kowé bakal nyerang umat-Ku Israèl kaya méga sing nutupi daratan. Ing dina-dina terakhir, Aku bakal nggawé kowé nyerang tanah-Ku,+ bèn bangsa-bangsa liya padha ngerti soal Aku, yaiku pas Aku nggunakké kowé kanggo nggawé bangsa-bangsa ngerti nèk Aku iki Gusti Allah sing suci.”’+
22 Dhèwèké bakal Tak adili. Dhèwèké, pasukané, lan bangsa-bangsa sing mèlu dhèwèké bakal kena wabah penyakit,+ udan sing deres banget, udan watu,+ geni,+ lan belérang.+ Wong-wong kuwi bakal padha mati.+
8 Sakwisé Yéhuwah pemimpiné pasukan diluhurké, Dhèwèké ngutus aku marang bangsa-bangsa sing njarah kowé,+ lan Dhèwèké ngomong ngéné, ’Sapa waé sing nglarani kowé berarti nglarani mripat-Ku.+
3 Ing dina kuwi, Aku bakal nggawé Yérusalèm dadi kaya watu sing abot kanggo kabèh bangsa. Kabèh sing ngangkat watu kuwi mesthi bakal luka parah.+ Kabèh bangsa ing bumi bakal padha ngumpul nglawan dhèwèké.”+