2 Akèh bangsa bakal mara lan kandha,
”Ayo awaké dhéwé munggah menyang gunungé Yéhuwah,
Menyang omahé Gusti Allahé Yakub.+
Dhèwèké bakal mulang awaké dhéwé soal dalané,
Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.”
Sebab saka Zion bakal ana hukum,
Lan saka Yérusalèm bakal ana omongané Yéhuwah.